Jangan lupa sertakan sumbernya ya kawan!
Cerkak 1
Parkir
Angkringan
dhuweke Paimin pancen rame. Saben-saben sing teka mrana nggawa motor utawa
mobil. Tekane padha rombongan. Sing padha nggawa motor apa mobil olehe parkir
rapi. Mobil ana sisih lor, ana ing dalan sing mujur ngetan ngulon. Sepeda motor
neng sisih kidul ana ing dalan sing mujur ngalor ngidul. Paimin olehe dodolan
kuwi ana ing protelon, pojok omah. Ora neng njeron latar. Neng njaban pager pinggir
dalan. Sing padha tuku wae olehe lesehan ana ing njeron latar. Sing alus, luwih
penak tenimbang lesehan ana ing pinggir dalan. Paimin wis nembung papan sing
dienggo lesehan kuwi marang sing nduwe. Latar kuwi wong wis dikonblok, ora
sumelang gemrenjel nglungguhi watu. Digelari klasa amba-amba dening Paimin,
sapa wae sing tuku oleh milih papan sakarepe, ngendi sing sela.
Dalan sing
dienggo dodolan Paimin kuwi dudu dalan aspalan, dalan mlebu kampung. Mung dalan
kono kerep dienggo leliwatan mobil lan motor sing nyingkiri lampu abang nang
ndalan gedhe. Papane Paimin sing saiki kuwi pancen cedhak karo prapatan. Cedhak
karo dalan kutha kang rame. Saking ramene kerep menawa nunggu lampu ijo, urutan
paling mburi, menawa tekan ngarep lampune wis abang maneh. Sopir kudu nunggu
lampune bali ijo. Sopir sing wis ngerti ana dalan liya sing kena dienggo liwat,
yaiku dalan nang ngendi anggone Paimin dodolan iku mau, akhire seneng liwat
kono. Sanajan dalan kampung lan urung aspalan nanging dalan kono kuwi mau
jembar. Menawa ana sepeda motor sing parkir, isih longgar dienggo leliwatan.
Mbuh kuwi sing liwat mobil utawa motor.
Bab dalan
sing dienggo parkir mobil, jarang ana kendaraan sing lakune mrana, akeh-akehe
lurus, arep metu nang dalan gedhe maneh. Marga liwat kono mung nyingkiri lampu
abang. Sing liwat dalan nang ngendi mobil-mobil kuwi mau parkir, paling
tanggane Paimin sing arep mulih. Ana omah papat apa lima nang kulan omahe
Paimin, dalan kuwi mau banjur buntu ora ana tembuse, menthok neng omah kulon
dhewe.
Kawit lagi
mapan nganti tekan saiki, Paimin ora tau ngakon-ngakon sing dhuwe kendaraan
supaya parkir rapi kaya mangkana. Kabeh kuwi mau dilakoni ngono wae karo sing
nduwe kendaraan. Ora merga dikon sapa-sapa, wong Paimin ora duwe tukang parkir,
lan ora butuh tukang parkir. Paimin wis ribet ngurusi dodolan, ora sempat
ngurusi parkiran.
Ewo semono,
lagi rong sasi Paimin bakulan ning kono, dheweke dicedhaki karo wong. Nom-noman
sing rada mreman, maksude ndugal neng daerah kono. Dikira dening Paimin
pawongan kuwi mau arep pesen wedhang, kon ngeterke nang papane rubuk-rubuk.
Jebul ora. Nomnoman kuwi mau komplotane pancen akeh. Wong pitu apa wong
sepuluh. Paimin ngerti, wong komplotan kuwi mau olehe rubuk-rubuk ora adoh saka
angkringane. Mbuh pada rembugan apa. Saben bengi ana wae sing teka nang papan
kono. Paimin ora sapa aruh karo komplotan kuwi mau. Mung menawa disapa wae
Paimin mangsuli, wedi menawa mengko gawe rerusuh marang dheweke.
“Mas
angkringanmu sing jajan akeh. Tak parkiri ya,” tembunge.
“Wis rapi
ngono mas, kae ora ana sing ngrewangi parkir ya kendaraane ndelehe jejer
larik-larik kaya wong baris.”
Paimin ora
seneng karo pawongan kuwi. Sajak ora duwe suba sita. Sandhangane kusut, rambute
gondrong awul-awulan. Malah menwa cedhak banget sajak mambu, kaya-kaya durung
adus. Paimin pancen ora seneng papan kono diparkiri. Wong maem sedhelo wae kok
motore kudu isih mbayari, mobile kudu mbayari. Sawise maem kok, kon mbayari
motor, mbayari mobil, sapa ora anyel. Paimin babar blas ora kepikiran arep
pasang parkir nang papane dodolan. Menawa dodolane wis payu wae, dheweke wis
matur nuwun, syukur karo sing paring rejeki.
Ngerti
omongane ora digubris karo Paimin, wong kuwi mau lunga. Bali menyang papane
rubuk-rubuk karo kanca-kancane. Paimin ora nggatekake. Nganti telung dina
dheweke ora diganggu maneh. Bareng wis patang dina, Wong loro teka nang
angkringane. Ngajak rembugan maneh bab parkiran.
“Menawa
diparkiri bisa-bisa sing tuku bubar Mas. Kapok. Wong mangan kuwi padha anyel
menawa mangan wae kudu ditambah bayar parkiran,” Wangsulane Paimin nalika
ditembungi. “Ora mas, aku ora ngolehi. Wong ya ora tau ana sing kelangan kok,
kendaraane dideleh nang kono.” Paimin ora kenek dirembuki.
“Mas, mbok
adum rejeki, tak tariki parkir nang kene.”
“ Ora Mas. Ora
arep parkir aku. Biyen nalika aku bakulan nang sanding Universitas Negri kae
aku dijaluki pajek. Saiki aku nang kene aku ora dijaluki pajek. Wong aku karo
tunggu omah kuwi. Nanging, menawa sampeyan ngarep-arep rejeki, ngene wae,
sampeyan sakanca tak wenehi cakar siji-siji. Saben-saben sing teka saben bengi
tak wenehi, nanging paling akeh aku menehi cakar cacahe mung wong sepuluh,
mengko menawa akeh-akeh aku ora bisa kulakan maneh. Menawa gelem, ya kuwi,
menawa ora gelem, ya uwis. Aku ora ngolehi papan kene diparkiri. Tak anggep wae
kuwi pajek apa sodaqoh. Ngendikane mbahku menawa wong ora tau sodaqoh, rejekine
dipangkas peksa. Bisa ngganggo lelara, trus dhuwite enthek kanggo ngobatke,
bisa kemalingan, bisa omahe kobongan, apa dhuwite ilang nang ndalan ora karuan,”
Paimin isih wangsulan sebab ora gelem papane dodolan diparkiri. Dheweke
khuwatir sing padha tuku kapok teka nang angkringane.
Saben bengi
Paimin pajek cakar nang komplotan rubuk-rubuk sing diweruhi dipandegani karo si
Semprul. Pimpinane diceluk Semprul merga menawa omogan idune nyumprat sempral
semprul. Dheweke gelem wae diceluk Semprul. Jare jeneng Semprul kuwi malah
sangar. Wangun dienggo meden-medeni. Lan kaya janjine biyen, Paimin olehe
menehi cakar miturut jumlah pawongan. Ana wong pitu, diwenehi pitu, ana wong
lima, diwenehi lima. Menawa ana wong sewelas, Paimin mung menehi sepuluh. Dadi
kudu ana sing ngalah ora keduman.
Pajek cakar
kuwi mau dilakoni kira-kira suwene patang sasi. Paimin ora patio rugi tur ora
diganggu karo komplotan rubuk-rubuk kuwi mau. Sing mulane Paimin wedi menawa
dirusuhi, saiki tenang wae. Komplotan kuwi mau nyatane ora tumindhak kasar. Ora
duwe niat ala. Komplotan kuwi isih nduweni patrap kang becik. Padha-padha
ngoleke rejeki, ngerteni menawa penghasilane saka angkringan ora akeh-akeh
banget. Ora njalari Paimin langsung dadi sugih. Menawa sing rubuk-rubuk ana
wong sewelas, Paimin olehe menehi cakar mung sepuluh, ora ana sing protes.
Malah kepara menawa kepingin tenan, malah tuku. Ora njaluk kanthi laku kasar.
Kadang menawa pesen es teh apa es jeruk, Paimin mengko sing ngeterke, giliran
wedhangane wis rampung, gelas-gelase padha diterake dhewe-dhewe. Paimin ora
usah njupuki dhewe.
Sawise patang
sasi, ujug-ujug si Semprul teka dhewe, moro, nyedhaki Paimin. Biasane ora tau
si Semprul kuwi mara. Menawa ana butuh kongkonan karo kancane liya kang manut
wae diprentah-prentah karo si Semprul. Neng angkringan, si Semprul njagong.
Njupuk rokok lan ngudut. Klepas-klepus meneng wae. Paimin ora nyapa wong lagi
ribet ngladeni sing padha jajan. Ana sing njaluk tempene dibakar dhisik, ana
sing njaluk tambah es, lan liya-liyane.
“Ndingaren
tekan kene Bos Semprul, ” sapane Paimin nalika sing jajan wis keladhenan kabeh.
“Iki segane
karo apa Kang?” Semprul ora ngatekake sapane Paimin malah ganti takon. Takon
mangkono, sega wungkus kuwi mau langsung wae dibukak ora nunggu semaure Paimin.
Paimin ora semaur merga ana maneh sing teka njaluk dibakarke sate usus karo
bakwan.
“Kang, mreneo
ndhisik tha tak kandhani,” Semprul ngawe marang Paimin.
“Napa tha
Bos, kok sajak wigati?
“Kene, aku
arep ngomong masalah parkir”
Paimin
nyedhak lan Semprul langsung nyerocos karo idune nyumprat-nyumprat. Dheweke
menehi kabar menawa saiki sapa wae sing bebakulan nang tlatah kene, sing rame
lan ana penghasilan parkir, kudu diparkiri. Kuwi mau wis kebijakan saka
pemerintah desa. Ora bisa dieyeli. Kudu diolehi karo sapa wae sing nduweni
usaha.Angkringane Paimin uga salah siji usaha sing kudu diparkiri. Sing luwih
baku, papan dodolane Paimin lan sekitare dadi wilayahe Semprul. Semprul sing
nduweni lan nyekel kuwasa kanggo ngatur parkiran tlatah kana. Paimin malah
diduduhi surate barang saka pemerintah setempat.
Ana ing
layang kuwi mau, dijlentrehake apa kabeh sing diomongake karo si Semprul marang
Paimin. Paimin malah diolehi maca dhewe. Paimin wis ora bisa wangsulan. Kepriye
wae bisane mung manut karo manut. Semprul sawise ngomong ngono meneng wae,
sajak menawa ngomong apa perlune. Ora let suwe malah ngadek, mbayari olehe
mangan langsung arep lungo, ning omongan dhisik, “ Janjane aku seneng dipajeki
cakar, Kang, nanging priye maneh. Kebijakane ora kena dilawan. Sesuk
kanca-kancaku wiwit parkir nang kene. Sampeyan wis ora usah pajek cakar maneh,
sapa wae sing memanganan nang kene kudu mbayar. Menawa ana sing ora mbayar
mengko omongna aku.” Banjur Semprul bali maneh rubuk-rubuk karo kancane.
Paimin mung
bisa gedhek-gedhek. Sesuk sok sapa wae wong sing ndeleh kendaraan nang papan
kono kudu mbayar parkir.
Kapetik saka http://seindahsenja.wordpress.com/
Kerukunane Teletubis
Saben bali sekolah Via, Ria, Deffa, lan Meli mesti
janjian dolan sawise nonton film senengane
bocah-bocah kuwi, yaiku Teletubis. Yen wis nonton ana ngarep tv, bocah papat kuwi mau ora
kelingan ganti klambi utawa maem dhisik.
“Vi, ayo maem dhisik,
nonton tvne mengko meneh!” ibune Via nimbali.
“Lho kok ngono ta, bubar bali sekolah kuwi ya
ganti klambi dhisik ta nduk. Mboten pareng ngono kuwi.”
“Mangke nggih buk, pliiis?”
Ibune Via gur
bisa geleng-geleng ngerti sikape anak tunggal kuwi. Ora beda ning omahe Ria,
dheweke yo ora gelem ganti klambi sik. Bubar ibune menthuk saka kantor, lagi
cepet-cepet mlebu kamar njupuk klambi kanggo salin. Ibune Ria memang galak
banget yen disawang, nanging yen Ria njaluk apa wae mesti dituruti. Ana Deffa
barang, bocah sing siji iki malah luwih seneng maem ana ngarep tv disambi
nonton Teletubis, dasare awit cilik seneng mangan lan ngemil. Apa-apa sing ana
ning meja mesti entek, ora salah yen dheweke gaweane diceluk “ndut” karo
kanca-kancane.
Beda karo
kanca-kancane mau, Meli luwih seneng ganti klambi dhisik lagi nonton tv.
Nanging dheweke ya ora gelem ketinggalan nonton Teletubis, akale pinter yaiku
salin ana ngarep tv lan nirukake gayane Po, salah sijine personil Teletubis.
“Nduk, ganti klambine sing bener ta
ya?” ngendikane Masne Meli
“Hehehehe.”
Meli mringis.
Saben dina
bocah-bocah kuwi memang kebiasaan nonton Teletubis, film kesenengane, dheweke
memang tangga cedhak ing desa Sukowati. Mangkat lan mulih sekolah mesti bareng,
nanging pas ana sekolahe malah koyo ora tau akur. Siji lan sijine golek kanca
anyar ning TK Malioboro, sekolahe, amarga bocah-bocah kuwi gampang interaksi
karo kanca liyane. Nanging beda karo Meli, dheweke rada isinan lan ora PD
dadine dheweke ndempel terus karo Via. Maklum, Meli lagi anyaran amarga pindah
saka kutha Sala lan ora duwe kanca nang kene.
“Via, aku ameh ditumbaske Teletubis Po
karo Masku.” Ujare Meli
“Ih apa iya, tumbas neng ngendi Mel? Aku suk
ya meh ditumbaske lho.” Sahute Via
“Alah apa iya? Aku meh ditumbaske teletubis
Po sing wernane ijo. Larang, piye jal.”
“Ya nek aku wis duwe duwit akeh aku meh
tumbas dewe. Teletubis Po kuwi abang Mel, ijo kuwi Dipsy.”
“Eh apa iya ta? Lha Masku wingi kandane
Po sing ijo.”
“Wah, berarti kowe diapusi Mel.
Ora sida tuku nek ngono?”
Pas bali, bocah papat kuwi crita wae tentang
Teletubis.
“Eh, aku meh tumbas Teletubis Lala
lho.” Kandhane Deffa.
“Aku
ya arep tumbas sing Dipsy. Barengan yaa karo Deffa,” Ria nambahi.
“Ayo aku melu, arep tumbas ning ngendi?”
ujare Via.
“Aku
meh tumbas ning Jakarta, Meli melu ora?” sahute Ria.
“Lha
aku meh ditumbaske Masku.” Jawabne Meli.
Bubar adu
crewet ana dalan, ora krasa wis ana ing omahe dhewe-dhewe. Kebiasaan sing
durung bisa dirubah metu maneh, mbandel. Bubar nonton teletubis, bocah papat
kuwi menyang omahe Deffa kanggo dolanan kemah-kemahan. Kabeh wong gawa payung
lan slendang siji-siji, payung kuwi mengko dimegarke lan dirangkep dadi siji
ben bisa mbunder. Banjur wis ketok mbunder, lagi dipasangi slendang-slendang
sing digawa mau nganti ana njero payung kuwi peteng. Nanging isih ana celah
kanggo dalan mlebu kemah kuwi. Ana njero crewete tentang Teletubis metu meneh,
mesti ana wae sing ameh dicritakake. Nangging pas kuwi, Meli wis ditukokake boneka
Teletubis sing dikarepake saka mbiyen. Kancane kabeh meri lan kepingin tuku
boneka Teletubis.
“Eh ngene wae, kan Meli wis tumbas sing Po
to? Mengko ben orakembar, beda-beda ya?” kandhane Deffa.
“Iya, sakjane aku ya kepingin sing Po kuwi to?”
jawabe Via.
“Kowe aja sing Po Vi, kan kowe dhuwur ta
dadine Tinkywinky wae ya Def ya?” kandhane Ria
“Ya.” Defa nyauri
“Lha terus kowe sing opo, yen ak tumbas
Tinkywinky?” takone Via marang Deffa lan Ria.
“Aku tumbas sing Lala wae, kan aku podho
Lala. Kowe tumbas sing Dipsi wae ya Ria!” jawabne Deffa.
“Ya, aku setuju kuwi!” saute Ria
Bocah papat
iku wis setuju karo boneka opo sing arep di tumbas. Beda dina, bocah papat iku
wis duwe boneka sing dikarepake dewe-dewe. Bocah-bocah iku dolanan
bareng-bareng saben dina, nanging Ria, Meli, lan Via anyel karo Deffa amarga
saben dolanan Teletubis mesti Deffa ngatur lan nyilih boneka teletubise
kanca-kancane nganti apa sing dikarepake Deffa. Akhire ning sekolah Deffa
dianyeli karo bocah-bocah iku. Deffa ora diejak dolanan lan maem bareng kaya
biasane.
“Huhuhuhu huhu, Ibu Deffa mboten gadah kanca
wonten sekolah, Deffa mboten diajak maem bareng kalih kanca-kanca. Hu huhuhuhu
hu” lapore Deffa merang ibue karo nangis.
“Aduh, anake Ibu sing paling cantik, manis,
paling ndut dewe, ampun nangis sayang, mangke ibu nderek nangis lo,
empun-empun. Mesti sesuk anake ibu kancane pun kathah malih, pun ya sayang,
ampun nangis malih, mangkih ndak di dukani Allah lo!” ujare Ibune Deffa.
Deffa dolan
menyang plataran omahe Ria sing biasa dikanggo dolanan bareng-bareng. Nanging
sak tekane ning kono Deffa ora di gagas kancane meneh. Ning kono bocah-bocah
pada kerah nganti teka Budhe Fatimah sing nduwe warung ning cedhak kana lan
ngandani bocah-bocah iku.
“Anak-anak di critani Budhe purun mboten?”
pitakone Budhe Fatimah
“Nggih Budhe,” jawabe anak-anak
“Ngene critane, teletubis iku kan acara
kartun sing pada tok senengi kuwi to, lha teletubis kuwi ora tau nesu karo
kanca-kancane, deweke mesti rukun lan bisa mudeng karepe kancane liya lan bisa
ngerteni sikap utawa watake kancane. Teletubis ya pada tetulungan yen ana sing
lara utawa butuh pertolongan.” panjelase Budhe Fatimah.
“Conthonipun niku pripun Budhe?” pitakone Via
“Ngene ya nduk, pernah to Lala kelangan bal, lha
pas iku Tinkywinky, Dipsi, karo Po pada nulungi Lala. Terus pas Dipsi lali
ndeleh topi, Tinkywinky lali sing ndeleh tas lan po sing skutere mlaku dewe
nganti adoh. Pas salah sijine kelangan utawa ana kesusahan mesti kanca liyane
nulungi lan nggawe seneng apa meneh pas dipsi nesu karo kanca-kancane.
Anak-anak pada kelingan ora karo kejadian iku?” ujare Budhe Fatimah
“Nggih Budhe, pas iku Dipsi nesu karo
kanca-kancane amarga nelasake roti lan nggawe topine Dipsi reget.” Jawabne Meli
“Nggih bener Budhe, pas iku kanca-kancane
Dipsi nyuwun ngapura kalih Dipsi lan nggaweake Dipsi roti. Tapi bude, pas niku
Dipsi salah amarga keasikan dolanan lan mboten nderek damel roti
bareng-bareng!”sauté Ria
“Terus walaupun ngono piye sikape kancane?”
“Nggih maklum
ta bude, namine lagi dolanan, saben tiyang kan saget salah.”
“Lha ya pada ngerti ta, terus saiki piye
sikape?”
Krungu penjelase
budhe Fatimah anak-anak pada bali rukun maneh amarga ngrasa isin, mosok
teletubis wae bisa rukun nanging bocah-bocah ora bisa rukun. Saka kedadean kuwi
anak-anak sinau yen kabeh wong sing salah lan kudu pangapunten yen ana sing
salah. Anak-anak sinau yen meksaake kehendak iku ora apik lan nggawe anyel wong
sing ana ing sekitare kana.
Kapetik Saka http://ldgn-gilam.blogspot.com/2012/11/contoh-cerpen-dalam-bahasa-jawa-cerkak.html
Cerkak 3
Miko
Karya: Erlin Kartikasari
Aku nduwe kanca jenenge Miko. Miko umure udakara 14 taun padha
karo umurku. Dedege gedhe dhuwur, praupane ireng manis memper selebritis. Miko
putrane wong nduwe, mula saben dina mesthi diter lan dipapag rodha papat, beda
karo aku sing budhal lan mulih mancal onthel.
Miko iku putrane wong nduwe,
Bapake anggota DPR ing kutha kene dene ibune pegawe ing Dhinas Pendhidhikan
dadi ing bab kebutuhan apa wae mesthi kacukupi. Beda karo aku sing mung anake
wong tani, najan bapak lan ibuku tani nanging aku ora tau rumangsa minder.
Gusti Allah iku adhil, aku diparingi kapinteran mula saben taun aku mesthi bisa
juwara siji ing kelas. Bab kasebut iku sing njalari rakete kekancananku karo
Miko, meh saben dina Miko sinau kelompok ing omahku, amarga dheweke ora tau ana
kancane menawa sinau ing omah, Bapak lan ibune kondur sore tur ya wis kesel,
dadi Miko ora tega yen arep ngganggu istirahate bapak lan ibune.
Esuk iki daksawang-sawang Miko
katon sumringah banget, mudhun saka rodha papat mlakune sajak lunjak-lunjak.
“Geneya kancaku siji iki sajak seneng banget?” gunemku ing njero batin.
Ngerti aku sajak mesam-mesem nyawang dheweke, Miko banjur marani
aku lan ngetokake Hp saka njero tas.
“To, delengen wingi aku dipundhutake bapak BB, seneng banget
atiku.” Kandhane Miko karo nudhuhake Hpne.
“BB kuwi apa ta?” Kandhaku sajak ora ngerti.
“Pancen ndesa tenan awakmu ki To. BB iku blackberry. Hp sing apik dhewe, sing
bisa kanggo BBM-an, Blackberry Messenger.” Jlentrehe Miko karo
pethitha-pethithi.
Pancen ora nggumunake yen Miko ngerti samubarang prodhuk
elektronik sing lagi trend jaman saiki, apa wae sing dijaluk dheweke mesthi
bakal dipundhutake Bapake. Bab Hp sakjane ngono aku ya nduwe nanging Hp biasa,
sing mung bisa kanggo nelpon lan sms, iku wae ora tau dakgawa menyang sekolahan
mundhak ora konsentrasi anggonku sinau.
Theeeetttt… theeeet… theeeet swara bel muni kaping telu iku ateges
mlebu jam pelajaran kapisan, siswa-siswa kudu age mlebu kelase dhewe-dhewe.
“Miko Hpmu ndang dititipake guru BK, banjur gage mlebu kelas!” piwelingku
marang Miko, amarga sekolah wis menehi larangan marang para siswa menawa ora
oleh nggawa Hp menyang sekolahan. Menawa kapeksa nggawa Hp kudu nduwe alasan
sing kuat lan kudu dititipake marang guru BK. Menawa ana siswa sing ora naati
tata tertib kasebut bisa kena sanksi.
“Ora prelu dititipake marang guru BK, aku isih seneng kok Hpku anyar mengko
dakajari BBM-an awakmu.” Ujare Miko.
“Mengko yen konangan Pak guru bisa kena sanksi hlo, bisa-bisa Hp mu ora
dibalekake tur wong tuamu ditimbali neng sekolahan.” Kandhaku rada seru.
“Tenang wae Hpku dakdelikake neng njero sepatu kok, Pak guru ora bakal ngerti!”
Saurane Miko tanpa nggatekake pituturku.
Pelajaran jam kapisan, pelajaran
Basa Jawa pelajaran kang paling daksenengi gurune ngganteng, sabar, lan gampang
dimangerteni menawa nerangake. Sawise ndonga bebarengan pak guru ngelingake
maneh sapa wae kang nggawa Hp supaya gage dititipake ing guru BK. Setengah jam
pelajaran Basa Jawa wis mlaku dumadakan ana swara lagu Sik asik sik asik dekat
denganmu, Sik asik sik asik kenal dirimu lagune Ayu Tingting sing lagi hit
saiki. Pak guru enggal nggoleki suara lagu iku sumbere saka ngendi. Miko sing
rumangsa salah meneng wae. Dheweke lagi kelingan yen Hpne mau durung disilent.
Pungkasane Pak guru ngerti yen swara iku sumbere saka Hp ing njero sepatune
Miko.
“Miko mulih sekolah nemoni Pak guru ing ruang BK.” Pangendikanipun
Pak guru kanthi seru. Miko mung manut lan pasrah.
“Wis dakkandhani bola-bali ora kogatekake saiki yen wis kenek ukuman awakmu
lagi sadhar.” Kandhaku lirih.
Theeeeettt… theeeeet… theeeeet… theeeeet swara bel kaping papat
pratandha yen pelajaran wis rampung. Miko age-age ngringkesi buku-bukune. Mulih
sekolah Miko nemoni Pak guru, Miko nangis sesenggukkan, ngaku salah, lan janji
marang Pak guru ora bakal mbaleni maneh. Dina iki akeh banget
pelajaran-pelajaran sing bisa dadi patuladhan. Miko wedi menawa solah bawane
iki bisa mirangake bapak lan ibune amarga kekarone minangka pawongan kang
disungkani ing kutha kene. Sawise janji marang Pak guru Hp-ne Miko dibalekake
nanging ora kena digawa menyang sekolahan maneh.
Esuk iki kaya biasane Miko mesthi
diterake rodha papat nanging cahyane ora sumringah kaya wingi uni. Batinku iki
mesthi amarga perkara Hp wingi.
“Mik, mbesengut wae, mbok mesem. ” kandhaku karo njawil lengene Miko.
Miko mung meneng wae karo mesem kecut.
“Mik, endi BB-mu aku ajari BBM-an?” pitakonanku semu ngece Miko.
“Aku ora nggawa Hp To, aku bakal dadi bocah sing manut, sing ora nerak tata
tertib sekolah. Aku wedi yen solah bawaku, tindak tandukku gawe wirange wong
tuwaku.” Kandhane Miko.
Pancen wangsulan sing kaya mangkene iki sing dakkarepake saka
Miko. Saiki Miko wis ora pethitha-pethithi maneh. Najan dheweke anake wong
nduwe nanging ora sombong, ora mamerake kasugihane. Najan aku anake wong ora
nduwe nanging dheweke gelem kekancanan raket karo aku. Muga-muga kekancananku
lan Miko bisa langgeng selawase. Amin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar